Contoh Kisi- Kisi Soal B. JAwa Kelas 6 SD/MI
KISI KISI MAPEL BAHASA JAWA
1. "Kaperenga kulo pun Maharja minangka sesulih siswa-siswa kelas VI. Selulih tegese ....
a.
Ganti
b.
Nyilih
c.
Waka
d. Ngomon
2. Sak derengipun kulo matur, mangga kulo derekaken asung puja syukur dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad". Ukara ing pidhato kuwi kalebu perangan..
a.
Purwaka
b.
Pangarep-arep
c.
Surasa basa
d.
Salam pambuka
3. "Mugi-mugi Mas kalian Mbak sakalian ugi
saged nerasaken sekolah wonten ing SMP". Ukara iku
ing pidhato kalebu ...
a.
Purwaka
b.
Pangarep-arep
c.
Surasa basa
d. Salam pambuka
4. Mekaten aturku, menawi dikramakake dadi...
a.
Mekaten ature aku
b.
Mekaten kula aturi
c.
Mekaten atur kulo
d. Mekaten, suwun
5. Pidhato ing basa jawa uga sinebut..
a.
Sambutan
b.
Teksinaskan
c.
Sesorah
d.
Pantun
6. Perangane pidhato saora-orane ana...
a.
Siji
b.
Loro
c.
Telu
d.
Lima
Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing
ngisor iki!
Kinanti
a.
Padha gulungen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den
kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
b.
Dadia lakunireku,
cegah dhahar lan guling,
lan aja sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
c.
Yen wis tinitah
wong agung,
aja sira nggunggung
dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anelulari.
7. Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....
a.
kinanthi
b.
pucung
c.
asmarandana
d. maskumambang
8. Wacana tembang Macapat ing dhuwur dumadi saka ... pada.
a.
1
b. 2
c. 3
d. 4
9. Saben pada wacana tembang ing dhuwur dumadi saka ...
gatra.
a.
3
b. 4
c. 5
d.
6
10. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi siswa kudu bisa nglatih diri supaya ....
a.
biasa
b.
kulina
c.
pinter
d. trampil
11. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi wong aja mung nggedhekake ....
a.
mangan karo turu
b. mangan karo sinau
c. mangan karo ngombe
d.
mangan lan dolanan
12. Tetembungan kaprawiran den kaesthi ing pada 1 wacana kasebut tegese kaprawiran kudu ditindaake kanthi ....
a. sembrana
b. temen
c. sabisane
d. sakarepe
13. Bakune gagasan (pokok
pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut, yaiku ....
a.
dadi wong iku
santai wae
b.
wong urip iku ora
usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup
c.
dadi wong iku
antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup
d.
ong urip iku kudu
akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake mangan lan turu
14. Tegese ukara dadia
lakunireku lan aja sukan-sukan ing pada 2 wacana kasebut, yaiku dadi wong
iku aja mung urip ....
a.
sedhih
b.
susah
c.
prasaja
d.
seneng-seneng
15. Tegese ukara Yen
wis tinitah wong agung ing pada 3 wacana kasebut, yaiku yen wis ditakdirake
dadi ....
a.
wong gedhe
b.
wong cilik
c.
wong mlarat
d. wong apik
16. Tegese tetembungan nggunggung dhiri ing pada 3 wacana kasebut, yaiku ....
a.
pinter
b.
wasis
c.
sombong
d. prasaja
17. Paugeran(aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
a.
guru gatra
b.
guru wilangan
c.
guru lagu
d. guru sastra
18. Cacahe gatra (baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....
a. guru basa
b. guru sastra
c. guru gatra
d. guru wilangan
19. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru sastra
b. guru gatra
c. guru lagu
d. guru wilangan
20. Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra
21. Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone
maca geguritan, kajaba ....
a. kudu apal isine geguritan
b. kudu nggatekake pocapan lan
wiramane
c. bisa maragakake kanthi mimik
lan ekspresi sing trep
d. mangerteni isi lan karepe
geguritan kasebut, banjur dirasakake
22. Endahing geguritan dumunung ing bab-bab kaya kang
kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
a. nggunakake wirama utawa
lagune
b. busanane basa kang maneka
warna
c. pilihane tetembungan sing
mentes, trep, lan mantesi
d. tanpa nggunakake busanane
basa kang maneka warna
23. Wawancara kang pitakone ora ditemokake luwih dhisik, gumantung marang swasanane wawancara, dene respondhen bebas njawab gumantung marang pitakone, kalebu wawancara ....
a. bebas
b. individual
c. konferensi
d. terpimpi
24. Tegese paribasan “durung pecus, keselek besus“ yaiku ....
a. prakara cilik (sepele) dadi
gedhe
b. pakulinan ala sing ora bisa
ilang
c. urung sembada wis kepingin
sing ora-ora
d. urung pinter opo-opo
25. Raden Werkudara satriya kang gagah ...
a. prahara
b. prakosa
c. prastawa
d.
Pramila
II.
Isenana cecek-cecek ing ngisor iki nganggo
tembung kang trep!
1. Jeneng liyane pidhato yaiku ....
2. Perangane teks
pidhato kang miwiti andharan, isine salam pambuka, pakurmatan, lan puji syukur
marang Gusti diarani ....
3. Celathu iku tegese ....
4. Aku mangan sego pecel. ukara kasebut ngandut ater-ater ....
5. Sakdurunge ngandharake purwaka, pamedhar sabda ngandharake
....
6. Wong kang pidhato diarani ....
7. Aku lagi adus, simbah lagi turu. menowo di kramakne dadi
....
8. Bapak sampun dhahar, kulo dereng ....
9. Nalika pidhato awake kudu ....
10. Dialog wong loro utawa luwih diarani ....
- 1. ..Tulisen cengkorongane pidhato!
- 11. Gaweo pambuka pidhato!
- 13. Apa kang diarani pachelaton?
- 1 . Bapak ngombe kopi sinambi moco koran ono emper.
- 15. Ubahen ukara nek nduwur nganggo basa krama alus!
- Gawea pachelathon tema “corona
Posting Komentar untuk "Contoh Kisi- Kisi Soal B. JAwa Kelas 6 SD/MI"
Posting Komentar